Konon diciptakan olehg Sunan Kalijaga di tahun 1400. Gundul gundul pacul cul gelelenganNyunggi nyunggi wakul kul gembelengan Wakul ngglimpang segane dadi dak ratanWakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Diciptakan oleh salah satu dari Wali Songo. Sluku-sluku bathok Bathoke ela-elo Si Rama menyang Solo Leh olehe payung mutho Mak jentit lho-lho lobah Wong mati ora obah Yen obah medeni bocah Yen urip goleka duwit
Akeh wong padha kedanan masakan, akeh wong padha kelingan pelayan Ora klalen kesopanan ning sekabeh lelangganan Yen balik tas jalan-jalan mingguan mumpung bae tas gajian kaulan Warung Pojok go ampiran etung-etung ke kenalan Tobat dhendhenge emi rebuse, Sega gorenge dhaginge gedhe gedhe Adhuh kopie, tobat bukete Adhuh manise persis kaya pelayane Pura-pura mata mlirik meng dhuwur padhahal ati ketarik lan ngawur Nginum kopi mencok nyembur kesebab nyasar meng cungur Tobat dhendhenge emi rebuse Sega gorenge dhaginge gedhe gedhe Adhuh kopie tobat bukete Adhuh manise persis kaya pelayane
Gambang suling, ngumandhang swarané thulat thulit, kepénak uniné uuuuniné mung nreyuhaké ba- reng lan kentrung ke- tipung suling, sigrak kendhangané
Diciptakan oleh Sunan Kalijaga. Lir-ilir, lir-ilir Tandure wus sumilir Tak ijo royo-royo Tak sengguh panganten anyar Cah angon - cah angon Panekno blimbing kuwi Lunyu-lunyu panekno Kanggo mbasuh dodotiro Dodotiro - dodotiro Kumitir bedah ing pinggir Dondomana jlumatana Konggo seba mangko sore Mumpung padang rembulane Mumpung padang kalangane Yo suraka, surak hiyo
dondong opo salak duku cilik cilik ngandhong opo mbecak mlaku thimik thimik adi ndherek ibu tindhak menyang pasar ora pareng rewel ora pareng nakal mengko ibu mesti mundhut oleh-oleh kacang karo roti adi diparingi
Yo 'pra kanca dolanan ing jaba padhang wulan padhange kaya rina Rembulane e sing awe-awe ngelingake aja padha turu sore Yo 'pra kanca dolanan ing jaba rame-rame kene akeh kancane Langite pancen sumebyar rina yo padha dolanan sinambi guyonan
Cublak-cublak suweng suwenge ting gelenter Mambu ketudhung gudhel Pak Gempong lera lere Sapa ngguyu ndelikake Sir sir pong dele gosong Sir sir pong dele gosong
Turi turi putih dhitandur ning pinggir sumur Turi turi putih dhitandur ning pinggir sumur Jeleret tiba nyemplung ke kembang kembange apa Mbok kira mbok kira mbok kira kembange apa Kembang kembang m'lathi kembang m'lathi dironce-ronce Kembang kembang m'lathi kembang m'lathi dironce-ronce Sing kene setengah mati sing kana 'ra piye piye Mbok kira mbok kira mbok kira kembange apa