Jaman biyen ana wong tuwa jenenge Syeh Maulana Pandansari, asale saka negara lor. Syeh Maulana Pandansari nggawe gubug neng tengah alas dhewekan. Gubug kuwi gendheng lan pagere saka suket. Ora suwe, dumadakan kepethuk karo wong wadon ayu sing jare asale padha karo dheweke.
Puluhan taun wong loro kuwi urip neng alas karo anak-anake. Sawise anak-anake padha duwe bojo, akeh wong anyar teka, mula alase kuwi dadi tambah rame. Akhire dadi desa sing dijenengi desa Karanggedhe.
Syeh Maulana Pandansari kuwi wong sing sekti, ora bisa mati senadyan kena kapak utawa geni. Akhire Syeh Maulana Pandansari didadekake lurah. Bareng karo ramene Desa Karanggedhe, wektu kuwi uga ana desa saka Adipati Kertanegara. Adipati Kertanegara nyebarake woro-worone yaiku: sapa bae sing bisa nyekel Kebo Edan, sing senenge ngamuk lan ngrusak apa bae ing sekitare arep didadekake mantune Adipati lan arep diangkat dadi Adipati Kertanegara nggantekake pangkate adipati sing saiki. Syeh Maulana Pandansari mrentah marang abdine, Ki Guntur Geni supaya nyekel Kebo Edan kanggo mbiyantu wong-wong Kertanegara sing lagi kena mala petaka saka amukane. Sawise diwenehi sangu lan wejangan, Ki Guntur Geni mangkat menyang Kertanegara.
Sawise Ki Guntur Geni tekan Kertanegara, dheweke langsung ngadhep adipati arep ngomongake titipan saka Syeh Maulana Pandansari sing dadi wong tuwa angkate. Sawise Ki Guntur Geni entuk restu saka adipati, dheweke langsung metu saka umah arep nututi Kebo Edan (jenenge Kebo Danu). Sawise Kebo Danu weruh Ki Guntur Geni, Kebo Danu banjur mlayu banter ngadohi Ki Guntur Geni. Ora kaya biasane, yen ana wong sing arep nyekel, Kebo Danu malah mbalik nututi wong sing arep nyekel banjur biasane nyrudug nganggo sungune sing lancip. Wis akeh wong sing dadi tumbale, nanging ora nganti mati. Ki Guntur Geni terus nututi Kebo Edan, sepisanan Kebo Edan arep nglawan. Nanging yen sing nututi wis cedhak, Kebo Edan mlayu maneh karo ngrusak sekabehane sing ana ing ngarepe. Sasuwene padha playon, akhire Kebo Edan bisa dicekel dening Ki Guntur Geni. Anehe sawise kuwi, Kebo Edan dadi manut banget. Sapa bae sing nyedhaki, kebo kuwi mung ndingkluk kaya krasa isin. Bareng tekan omahe adipati, Ki Guntur Geni menehake kebo kuwi banjur njaluk pamit bali karo nggawa sungune kebo sing tugel kanggo bukti marang bapake yaiku Syeh Maulana Pandansari. Sungune Kebo Danu akhire dikubur neng lemah kuburan Karanggedhe, nganti saiki isih ana tipake.
Kaya janjine adipati, banjur Ki Guntur Geni dijodhohake karo anak wadone uga dianakake upacara penobatan Ki Guntur Geni dadi Adipati Kertanegara.
Wengi kuwi kahanane sepi banget, Ki Guntur Geni lagi lali-laline turu diculik. Ki Guntur Geni digawa neng tengah lapangan, banjur dikroyok rame-rame nganti mati. Mayite ditinggal lunga. Esuke, mayite Ki Guntur Geni wis ora ana ing kono. Salah sijine grombolan mau ana sing diprentah lunga neng omahe adipati. Grombolan mau ora ana sing percaya karo laporane, amarga dheweke ngomong yen weruh Adipati Ki Guntur Geni lagi lungguh sarapan karo bojone. Grombolan wong-wong kuwi tambah gela, amarga Ki Guntur Geni bisa urip meneh. Grombolan kuwi nyulik Ki Guntur Geni maneh lan digawa menyang plataran Kali Tambra. Padha karo penculikan sing kapisan, Ki Guntur Geni dikroyok rame-rame nganti mati. Banjur mayite Ki Guntur Geni awake ditugel-tugel dadi loro lan mayite dikubur pisah-pisah. Sirah dikuburake neng sisih kulon Kali Tambra, lan awak nganti sikil dikuburake neng sisih wetan. Nganti saiki kuburane isih ana lan kerep ditekani wong kanggo tapa.
Bali neng crita Syeh Maulana Pandansari neng padhepokane, dheweke dadi sregep ngadhep marang Gusti Kang Maha Agung. Wektu kuwi Syeh Maulana Pandansari lungguh karo tapa. Ing tengah-tengah tapane, Syeh Maulana Pandansari nugel godhong sing ana rine nganggo tangane, banjur godhong sing ana rine mau ditancepake neng lemah. Sawise ditancepake, Syeh Maulana Pandansari nglanjutake semedine banjur dheweke ngilang. Papan ngilange Syeh Maulana Pandansari nganthi saiki dikenal dadi kuburan Mbah Adeg Widuri amarga dheweke ngilang sawise ngedekake wit sing ana rine. Sawise Mbah Adeg Widuri mati, desa dadi tambah rame.
Wektu kekuwasaane wong Landa, ing Desa Karanggedhe utawa Desa Karangwringin dianakake ukur lemah dening wong Landa, ora dinyana wong Landa weruh ana kuburan sing apik. Banjur wong sing ngukur lemah kuwi takon, “Kuburan apa iki?” Wong-wong sing melu ngukur lemah padha mangsuli, “Kuburan baleraksa.”
“Jenenge apik temen,” omonge wong Landa. Kuburan baleraksa yaiku papan ngilange Syeh Maulana Pandansari utawa Mbah Adeg Widuri. Banjur, wong-wong saka Desa Karanggedhe lan Karangwringin njaluk supaya desane didadekake siji yaiku Desa Baleraksa.
Sumber: http://rombeltelu2010.blogspot.com/2012/01/asal-usul-desa-siwarak-kabupaten.html
cara hapus akun/data (#KrediOne) secara permanen kamu bisa hubungi pelanggan layanan resmi via WA di (+62.821-7553-746 atau 0898.4440.241). Jelaskan alasan permintaan penghapusan data atau akunnya lalu siapkan identitas diri seperti (KTP) untuk proses verifikasi dan ikuti instruksi petugas customer service untuk menyelesaikan laporan Anda.
Silahkan hubungi layanan PT Tri Usaha Berkat untuk proses pengembalian dana melalui WhatsApp di 0813-707-1392 atau 0813-707-2680 Kirim nomor pesanan atau transaksi yang ingin diajukan pengembalian dana. Jelaskan alasan refund atau pengembalian dana secara lengkap.
Silahkan hubungi layanan PT Tri Usaha Berkat untuk proses pengembalian dana melalui WhatsApp di 0813-707-1392 atau 0813-707-2680 Kirim nomor pesanan atau transaksi yang ingin diajukan pengembalian dana. Jelaskan alasan refund atau pengembalian dana secara lengkap.
Silahkan hubungi layanan PT Tri Usaha Berkat untuk proses pengembalian dana melalui WhatsApp di 0813-707-1392 atau 0813-707-2680 Kirim nomor pesanan atau transaksi yang ingin diajukan pengembalian dana. Jelaskan alasan refund atau pengembalian dana secara lengkap.
Di masa lalu, masyarakat Batak mengenal sebuah peti penyimpanan berharga yang disebut Huting-Huting. Huting-huting berfungsi sebagai tempat menyimpan benda-benda berharga milik raja atau keluarga bangsawan, seperti perhiasan, pusaka, hingga barang bernilai lainnya. Karena fungsinya yang penting, huting-huting sering disebut sebagai "brankas tradisional" dalam budaya Batak. Yang membuatnya istimewa adalah ukiran pada bagian tutupnya. Berbagai ornamen, termasuk motif bintang dan makhluk simbolis (pinatang), dipahat dengan sangat detail. Menurut kepercayaan masyarakat dahulu, ukiran-ukiran tersebut memiliki kekuatan magis sebagai penjaga isi peti. Konon, apabila seseorang berniat mencuri isi huting-huting, maka roh penjaga yang disimbolkan melalui ukiran pinatang akan melindungi harta yang tersimpan di dalamnya. Kepercayaan ini menunjukkan bagaimana seni ukir, spiritualitas, dan sistem keamanan tradisional berpadu dalam kehidupan masyarakat Batak. Karena nilai dan kesak...